YAUMUL IJTIMA' MWC NU BINONG, MINGGU, 29 JANUARI 2017, PUKUL 08.00 - 12.00 WIB, TEMPAT MASJID JAMI AL-MUWAHHIDIN KP. PAWELUTAN DESA CITRAJAYA

Minggu, 16 Mei 2021

MANTRA KELUARGA SAKINAH

JOPO MONTRO KELUARGA SAKINAH

Saya di nasehati Mbah saya, jika ingin keluarganya Sakinah maka harus diamalkan Japamantera ini :

NGACENG MENGKERET
MLEBU METU
MLUMAH MENGKUREB
MEREM MELEK
MANTHUK-MANTHUK

Seketika saya tertawa terbahak-bahak Niku estu nopo guyon Mbah....?

Jawab Simbah, iki bener cong.. , Ora mbodoni. Ngandel ora ngandel amalno ae. Insyaalloh keluargamu dadi Sakinah...

Tapi kudu ngerti maksude seng sak benere...

Nopo niku Mbah...? tanyaku.

Ngene cong..
Kang dimaksud NGACENG MENGKERET iku, naliko bojomu kenceng alias ngamok (marah), emosi, marah-marah, Monggo kowe kudu mengkeret, alias kendo, ojo dilayani kanthi ngamok-ngamok..  

Oh..Ngoten to Mbah. Tiwas pikiran kulo ngeress...

Lanjut Simbah, Lah sing dimaksud MLEBU METU iku, antarane awakmu lan bojomu kudu saling memberi masukan dan menerima masukan, Saling menasehati, Wa tawashou bil haqqi wa tawashou bis shobri
Ow ngono tho...

Lajeng ingkang dipun maksud MLUMAH MENGKUREP ? Tanyaku dengan kepo...

MLUMAH iku ketok  ngarepe, MENGKUREP iku katok ngurine, Maksude, antarane suami istri iku kudu saling terbuka, Gak oleh ono sing ditutup-tutup'i Gak keno ono sing diumpetake. Gak oleh ono kebohongan dan dusta diantara keduanya, Baik itu soal komunikasi, pergaulan sosial, ekonomi maupun lainnya, harus saling jujur. Kebohongan merupakan residu penghancur hubungan...
Kudu bloko suto...

Terus, MEREM MELEK artosipun menopo Mbah...?

Nah, MEREM maksudnya kita harus menutup kekurangan dan aibnya bojomu, Jangan sekali-kali kekurangan diungkit-ugkit apalagi diceritakan kepada orang lain, Cukup berdua saja yang tahu...

MELEK artinya kita harus mengakui, mengapresiasi kebaikan dan jasa bojomu. Lumrahe menungso, gara-gara kesalahan sepisan iso ngilangno kebaikan sing luwih akeh, gara-gara kekurangan sithik, iso ngilangi kelebihan sing luwih akeh. 
Umpamane, bojomu sedino iki ngamok Ora opo-opo Lagi sedino, padahal wis lawase sewulan, piyambake apik sabar gak nesu. Ngono lho cong... 

Ingkang terakhir Mbah, kok MANTHUK-MANTHUK...?

" MANTHUK-MANTHUK, iku tondo bahagia, tentrem, rukun lan harmonis (sakinah). Mulo yo cong,  nek iso ngamalke sing papat mau, keluargamu bakal dadi (sakinah)."

Oh. Ngoten nggih Mbah
Matur nuwun nasehatipun mbah...

#Yang ga paham bisa translate sendiri ya gaess 😊

Tidak ada komentar:

Posting Komentar