YAUMUL IJTIMA' MWC NU BINONG, MINGGU, 29 JANUARI 2017, PUKUL 08.00 - 12.00 WIB, TEMPAT MASJID JAMI AL-MUWAHHIDIN KP. PAWELUTAN DESA CITRAJAYA

Jumat, 15 Desember 2017

Nandur islam ing Tanah Jawa


Kyai Muwaffiq Jogja.

Piwulange Para Wali biyen, nyebut Allah ben ra ketara disebut GUSTI PENGERAN, Rasulullah disebut KANJENG NABI, Shalat ben ra ketok dijenengke SEMBAHYANG, Mushalla jenengke LANGGAR, Syeikh utawa Ustadz jenengke KYAI, Tilmidzun Muridun jenengke SANTRI, Kalimat Syahadat jenengke KALIMASADA, Syahadatain jenengke SEKATEN. Nuturi masyarakat ora nggawa Arab nanging nganggo cara isyarah pokok kenek ditampa. Pingin dadi wong apik, cukup dituturi “ Hai, aja lali jempol ya” ngono thok. Jempol iki apik, ora sampurna yen ora ana jenthik. JENTHIK iku maknane aja othak athik barange liyan, aja nyolongan. Dadi wali biyen ora perlu dalili “As-sariqu was-sariqatu faqtha’u aidiyahuma” utawa dihaditsi “Lau Anna Fathimata – Binti - saraqat laqatha’tu yadaha”. Terus JARI MANIS  manis-manisna wajahmu, dadi PENUNGGUL dadiya wong unggul nanging aja sombong2, dadi PENUDUH dadiya isa nuduhke wong sing apik-apik njur sliramu bisa dadi JEMPOL….

GHAFURA sing maknane pengapura ditandur nang ngarep masjid jenengke GAPURA cik ra ketara, maknane sapa sing mlebu masjid bakal oleh pangapurane Gusti Pengeran. Njur kenapa para Wali kok wani mulangi cara mengkono iku kok ra khawatir nek padha salah tampa? Sebab kurikulume para wali nang Qur’ane pancen “Ala inna auliya-allahi la khaufun wala hum yahzanun” tegese para wali-waline Allah iki ora duwe rasa wedi utawa kuwatir babar blas. Beda karo kurikulume para Ulama’ “Innama yakhsyallaaha min ‘ibadihil ‘ulama’” tegese para Ulama’ iku duwe rasa wedi nang Gusti Pangerane…. Mula yen Ana pengantin teka kon menehi CENGKIR, GEDHANG, TEBU tegese aku dadi mara tuwa wis KENCENG PIKIRku, awakmu wis tak GEGED-GEGED tak GADHANG-GADHANG, aku wis MANTEB ben ndang MLEBU… yen ana wong gawe omah kon menehi Gedhang sak tundhun nang dhuwur sebab nek tukange lesu ben gak munggah mudhun golek panganan..hhhhh…. kabeh ditandur kabeh kaleh para Wali. Mula bar ditandur njur thukul. Gandheng tanduran iki ana nang Jawa sawahe wong Hindhu Budda, mula hasile ya kaya sing awake dhewe weruh, kabeh2 diarani ILMU KEJAWEN utawa KLENIK. Padhahal yen dibukaki siji saka siji nang jerone iki kabeh isine piwulang kanggo masyarakat sing ora kenal agama, lan ora lali mula njur digawe adat nang tanah Jawa….. mula njur tanduran agama sing dibungkus cara Jawa iki akhire di CEK / ditiliki karo para Wali nganggo tembang LIR ILIR TANDURE WUS SUMILIR TAK IJO ROYO-ROYO TAK SENGGUH PENGANTIN ANYAR BOCAH ANGON-BOCAH ANGON PENEKNA BLIMBING KUWI, lan sak teruse tegese wis padha nglilir apa durung. Yen wis nglilir tenan ya ayo MENEK BLIMBING sing lingire ana lima tegese ayo sembahyang sedina sewengi ping 5. Bareng wis mulai thukul njur mulai digawekke pager. Pager GRESIK jenenge GIRI, pager tengah jenenge DEMAK, Pager kulon jenenge CIREBON. Iki jenenge pager utawa cara Qur’ane jenenge KHALIFAH. kabeh iki ditandur lan dipageri dening para Wali, karo para Wali njur nyebar sak Sak Indonesia… Nanging salahe wong saiki ora MELU NANDUR kok GAWE PAGER mula dadi perkara …. ….mula akhire tinggalane para wali iki diarani WILAYAH sing artine tinggalane para wali, awake dhewe peneruse para Wali, kabeh sak Indonesia iki hasil jerih payahe wali kang diwarisna dening para santri… mula kenapa NKRI harga mati? sebab NKRI iki tinggalane para wali. Mula awake dhewe ora mungkin KHIYANAT karo bangsa.

Mula biyen LANDA iki mumet ngadhepi para santri. Merga wong Landa duwe keyaqinan bahwa santri Indonesia ora mungkin melepaskan NUSANTARA. Santri Indonesia iki cara Landa cirine 3. Siji pecine miring sarunge nglinthing. nomer 2 mambu rokok, nomer 3 tangane gudigen. Hhhh… tapi ngertiya yen SANTRI inilah pelindung Indonesia dari awal. Seluruh pemberontakan dalam melawan penjajah iki akehe para santri. DIPONEGORO santrine Mbah Abdul Hamid Kajoran, SULTAN AGUNG iku ya santrine Sunan Geseng, COKRO AMINOTO santrine mbah Hasyim Asy’ari, RA KARTINI santrine mbah Shalih Darat Semarang. Merga seluruh pemberontak iki santri saka Indonesia mula wong LANDA gawe ukara bahwa seluruh santri yen wis HAJI kon nemplekke jeneng HAJI nang ngarep supaya gampang kontrolane ing Tahun 1923…. Nanging suwe2 Landa sansaya ora faham karo santri iki. Merga saya suwe saya aneh. Nanging jebul suwe2 santri Indonesia iki ngerti2 nggegerke DUNYA. Satu2nya manusia yang berani demonstrasi teng Makkah kala iku hiya santri Indonesia waktu Makam Rasulullaah SAW ajeng dibongkar karo RAJA ABDUL AZIZ BIN ABDURRAHMAN AS-SA’UD tahun 1924-1925 hingga akhire Raja Sa’ud ora sida bongkar Makame Kanjeng Nabi merga berbagai pertimbangan. Ing antarane merga wong sak arab ngerti yen para santri iki sing dipimpin MBAH WAHAB HASYBULLAH soko utusane Ulama’ kondang INDONESIA sing jenenge Mbah Hasyim Asy’ari, Satu2nya Ulama’ Indonesia yang bergelar HADHRATUS SYAIKH. Gelar sing ora isa diremehna,Merga syarat oleh gelar HADHRATUS SYAIKH iku kudu apal KUTUBUS-SITTAH sak RIJALUL HADITSe…. Ulama’ biyen iku ora kaya Ulama’ saiki nyebut gelar. Biyen wong kok oleh gelar AL FAQIH iku syarate kudu apal luwih saka 2000 hadits shahih. Yen oleh gelar AL ‘ALIM syarate seperempat Qur’an kudu apal. Nek oleh gelar AL ‘ALLAMAH berarti apal Qur’an. Nek oleh gelar SYEIKH berarti apal SHAHIH BUKHARI MUSLIM sak RIJALUL HADITSE. Tapi yen oleh gelar HADHRATUS SYAIKH berarti KUTUBUS-SITTAH apal sak RIJALUL HADITSe. Luar biasa…… Lha Santri2 iki terkenal jenenge KOMITE HIJAZ sing dipimpin MBAH WAHAB HASYBULLAH sing ikilah akhire dadi cikal bakal berdirinya JAM’IYYAH NAHDHALTUL ULAMA’ nang Indonesia….
Mula, mangga piwulange Para Wali sing wis terbukti kasil isa ngislamna tanah Jawa nganti Nuswantara kang diterusna dening para kyai mangga diterusna. Aja galak-galak yen mulangi lan muruki karo wong, cik ora dadi perkara. Wulangen ngangggo cara sing bisa ditampa mungguh masyarakate supaya bisa ditrima kelawan ati sing lila legawa…. Cara Allahu Yarham Gus Dur biyen, yen nisbate kepingin gawe Majlis Ta’lim sing dadi panggonan piwulang ya bungkusen jenengne nganggo jeneng Jawa  wae utawa jenengna daerahmu supaya wong-wong ora padha pekewuh yen arep melu melu. Contone saiki ngono kaya pesantren Jombang gene Mbah Hasyim, Pesantren Lirboyo, Pesantren Sarang, Pesantren Trenceng, lan liya-liyane. Kecuali yen masyarakat sekitar wis kenal agama temenan tur seneng karo kyai ya mangga dijenengna nganggo cara Arab…. mula saiki sampean luwih percaya karo Ulama’ sing apal Kutubussittah apa sing apal hadits ora sepira ning wani2 NGGEGERKE Indonesia…. Mangga dipun penggalih piyambak njeh.......
Pangapunten menawi wonten salah lan khilaf, mugi wonten manfaat, lan barakahipun, Aamiyn…….

هداني الله وايّاكم الى صراط مستقيم، صراط الّذين انعمت عليهم من النّبيّين والّصدّيصين والشّهداء والأولياء والصّالحين، وصراط جمعيّة نهضة العلماء والنّهضيّين لنيل السّعادة لإندونيسيّا واندونسيّين، آمين.....
#Piwulange Mbah yai

Tidak ada komentar:

Posting Komentar